Emane, adi-penine tembung paribasan tinggalane leluhur akeh sing ora dingerteni anak-putu lan buyute saka mrosote pasinaon basa Jawa.Tekan guru-guru ing sekolahan yen nerangake paribasan mung nyebutake apa tegese (artine) ngono wae. Ora nganggo njlentrehake siji-sijije tembung sing sabanjure kedhapuk dadi ukara wutuh kang nduweni teges.
Tembung bathuk sing maksude wanita, uga tinemu ing idhiom (ungkapan) basa Jawa tugelan, yaiku : Thuk lengku sing tegese : bathuk meleng-meleng diaku. Tembung iku kanggo nyebut wong lanang ngglithis nggames wedokan, doyan madon.
"Yen wong kuwi, aku wis apal klakuane, pancen thuk lengku."
Thuk saka tugelane tembung bathuk. Leng saka tugelane tembung meleng-meleng, ku saka tugelane tembung diaku. Saka tugelane tembung, dirakit dadi ukara kaya mengkono mau.Saben ana bathuk meleng-meleng, diaku dadi duweke. Ora beda tembung tugelan : wiwawite, lesmbadhonge (wi dawa uwite,tales amba godhonge).
Tembung bathuk meleng-meleng, kanggo nyebut rupa wadon kang ayu. Wangune bathuk sing endah resik, meleng-meleng.Tembung panyandra kanggo nyebut endahing bathuke wanita ya ana, yaiku : bathuke nyela cendhani. Nyela saka tembung sela (watu). Watu cendhani yaiku watu sing alus lumer kaya watu marmer.